MACA CEPET Dening Angger Prakuntama S Pd Caran

  • Slides: 9
Download presentation
MACA CEPET Dening: Angger Prakuntama, S. Pd

MACA CEPET Dening: Angger Prakuntama, S. Pd

Carané maca sing umum katindakaké a. Maca Teknik/Maca Nyuwara Maca teknik sejatiné maca nyuwara,

Carané maca sing umum katindakaké a. Maca Teknik/Maca Nyuwara Maca teknik sejatiné maca nyuwara, yaiku nyuwarakaké simbul-simbul basa kang awujud aksara, kang dironcé dadi tembung, tembung dironcé dadi ukara. Sing kudu digatèkaké ing maca teknik yaiku: lafal utawa pangucapaning tembung, intonasi utawa munggah mudhuné irama, pamedhoting ukara, kalebu frase (kumpulan tembung). Sakliyané iku, kanggo ngertèni panguwasaning wacana utawa ngerti isi lan surasané wacan.

 b. Maca Batin Maca batin, béda karo maca teknik. Cara maca batin luwih

b. Maca Batin Maca batin, béda karo maca teknik. Cara maca batin luwih nengenaké utawa ndhisikaké pemahaman utawa pangertèn bab isiné wacan. Tujuwané maca batin kanggo ngertèni isiné wacan. Teknik maca batin digunakaké kanggo nglatih daya pengéling-éling lan daya panangkepé pikiran kanggo pemahaman informasi sing diwaca. Ana ing teknik maca batin, lambé lan suwara ora makarya, mung ngandelaké mripat lan pikiran. Dadi lambé ora oléh umik-umik lan nyuwara, tangan utawa driji ora éntuk nudhingi. Semono uga sirah ora éntuk obah mèlu arahé wacan.

 c. Maca Endah/Estestis Maca éndah yaiku maca kanthi ngatonaké kaéndahan lan estetika. Thuladane,

c. Maca Endah/Estestis Maca éndah yaiku maca kanthi ngatonaké kaéndahan lan estetika. Thuladane, maca geguritan lan nembang. Maca éndah sejatiné padha karo maca nyuwara utawa maca teknik, bédané maca éndah kudu bisa ngatonaké rasa kaéndahan sing ana ing sajroning wacan sing diwaca, utawa penghayatan.

 d. Maca Cepet Maca cepet sejatiné uga maca batin, nanging tempo (wektuné) baé

d. Maca Cepet Maca cepet sejatiné uga maca batin, nanging tempo (wektuné) baé sing béda. Ana ing maca batin anggoné maca biasa-biasa baé amarga ora ana watesané wektu

 maca cepet, anggoné maca diwatesi wektu. Ancas (tujuan) baku teknik maca cepet yaiku

maca cepet, anggoné maca diwatesi wektu. Ancas (tujuan) baku teknik maca cepet yaiku narik utawa nggolèk lan ngumpulaké intisariné informasi utawa pangertèn kanthi cepet. Cekaké, intiné maca cepet yaiku ngerti isiné wacan kanthi cepet. Ora ana gunané maca cepet yèn ora ngerti apa sing diwaca.

Rumus ngetung cepete maca J…. WM KM = Katerangan KM : Cepeté maca J

Rumus ngetung cepete maca J…. WM KM = Katerangan KM : Cepeté maca J : Tembung sing diwaca WM : Wektu sing dibutuhaké maca

cara-cara kanggo maca cepet 1. Anggoné maca ora saben tembung, nanging saklompok tembung. 2.

cara-cara kanggo maca cepet 1. Anggoné maca ora saben tembung, nanging saklompok tembung. 2. Aja mbolan-balèni tembung sing wis diwaca. 3. Aja kesuwèn mandheg sangarepé ukara. 4. Ora digagas tembung-tembung kayata: ing, saka, marang, saking, lsp. 5. Tanpa ngetokaké suara saka cangkem. (lambéné uga ora obah-obah)

 6. Ora gèdhèk-gèdhèk sirahé ngetutaké dawané ukara. 7. Pandelengané mripat ndhisiki tinimbang kedaling

6. Ora gèdhèk-gèdhèk sirahé ngetutaké dawané ukara. 7. Pandelengané mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambé utawa cangkem. 8. Tembung sing angèl/manca ditinggal dhisik. 9. Golèkana kunciné tembung ing sakjeroning ukara.