Debat Basa Jawa DENING Tegese Debat utawa trampil
Debat Basa Jawa
DENING :
Tegese Debat utawa trampil micara yaiku kegiyatan adu argumentasi antarane wong loro utawa luwih (biasane kang awujud klmpok) kanggo diskusi lan mutusake perkara.
Para Panyarta Debat Basa Jawa Moderator Pangandhali Wektu Klompok Panjurung Klompok Oposisi Klompok Panimbang
Pakaryane Para Panyarta Debat Moderator : Mimpin debat wiwit purwa nganti wasana. Pangandhali wektu : Menehi wates wektu kanggo saben pamicara saben klompok. Panimbang : Nggatekake para pamicara anggone ngandharake panemu utawa argumentasi lan menehi komentar utawa panyaruwe marang para – para sing padha micara saka klompok panjurung lan oposisi. Panjurung : Gawe definisi utawa argumentasi adhedhasar topik debat lan nyusun alesan – alesan kang njurung marang panemu. Oposisi : Mbantah marang definisi lan argumentasine klompok panjurung lan ngangkat anane masalah utawa bab – bab kanggo nglawan klompok panjurung.
Tandha – tandha Definisi kang Becik • isine definisi awujud masalah kang bisa dirembug • nggambarake alesan kanthi cetha lan prasaja ana gandheng cenenge tumrap topik sing dirembug. • ana wates kang cetha • aja gawe definisi kang ora bisa dirembug • endhani definisi kang bisa nyebal saka topik, nanging topik ora kena didadekake definisi. • dikira – kira wektune kanggo mbeber definisi aja nganti kesuwen.
Tandha – tandha Argumentasi kang Becik • Lengkap ana datane • Argumentasine bisa nakyinake wong liya • Argumentasi ora kena nglawan pamicara liya sacara pribadi apa meneh emosional • Argumentasine wong gedhe/ pejabat durung mesthi bener • Argumentasi anggota saben klompok kudu ana jumbuhing panemu utawa titik temu.
Kunci Kasile Protes Utawa Nyanggah • Argumentasi sing dikandhakake pemrotes luwih bener katimbang sing diprotes. • Argumentasi sing diprotes ora jumbuh karo topik sing dirembug. • Argumentasi sing diprotes ora logis, kurang rasional, lsp. • Argumentasi mungsuh micara bener nanging luwih bener sing mrotes.
Tata Cara Debat 1) Pambuka 2) Proses mlakune debat, lan 3) Panutup
MATUR NUWUN
- Slides: 10