MAOS CEPET A Teknik Maca Senajan mung maca

  • Slides: 9
Download presentation
MAOS CEPET

MAOS CEPET

A. Teknik Maca Senajan mung maca, nanging mbutuhake ketrampilan. Ana wong maca buku sakebet

A. Teknik Maca Senajan mung maca, nanging mbutuhake ketrampilan. Ana wong maca buku sakebet mung sedhela wae wis rampung. Nanging ana wong maca mung sarai wae suwene ora jamak. Kuwi kabeh gumantung pakulinane maca. Wong kulina maca mesthi cepet rampung. Ketrampilan maca cepet iku dibutuhake kanggone jaman saiki. Sebab gelem ora gelem wong kudu ngundhakake cepete maca. Sebab sawenehing ilmu utawa informasi sumebar tumangkare sarana tulisan sing kudu diwaca. Sangsaya akeh sing diwaca sangsaya tambah ilmune. Tujuan bakune maca cepet yaiku nggolek lan nglumpukake sesurupan bab apa wae kanthi cepet, gampang, pas lan trep miturut kabutuhane. Carane maca sing umum katindakake ana papat, yaiku maca teknik utawa maca nyuwara, maca batin, maca cepet lan maca endah utawa maca estetik.

a. Maca Teknik/ Maca Nyuwara Maca teknik sejatine maca nyuwara, yaiku nyuwarakake simbul-simbul basa

a. Maca Teknik/ Maca Nyuwara Maca teknik sejatine maca nyuwara, yaiku nyuwarakake simbul-simbul basa kang awujud aksara, kang dironce dadi tembung, tembung dironce dadi ukara. Sing kudu digatekake ing maca teknik yaiku: ü Lafal utawa pangucapaning tembung, intonasi utawa munggah mudhune irama. ü Pamedhoting ukara, kalebu frase (kumpulan tembung). ü Ngerti isi lan surasane wacan.

b. Maca Batin Maca batin, beda karo maca teknik, cara maca teknik luwih nengenake

b. Maca Batin Maca batin, beda karo maca teknik, cara maca teknik luwih nengenake utawa ndhisikake pamahaman utawa pangerten bab isine wacan. Tujuwane maca batin kanggo ngerteni isine wacan. Teknik maca batin digunakake kanggo nglatih daya pengeling-eling lan daya panangkepe pikiran kanggo pemahaman informasi sing diwaca. Ana ing maca batin, lambe lan suwara ora makarya, mung ngandelake mripat lan pikiran. Dadi lambe ora oleh umik-umik lan nyuwara, tangan utawa driji ora entuk nudhingi. Semono uga sirah ora entuk obah melu arahe wacan.

c. Maca Endah/ Estetis Maca endah yaiku maca kanthi ngatonake kaendahan lan estetika, kayata

c. Maca Endah/ Estetis Maca endah yaiku maca kanthi ngatonake kaendahan lan estetika, kayata maca geguritan lan nembang. Maca endah sejatine padha karo maca nyuwara utawa maca teknik, bedane maca endah kudu bisa ngatonake rasa kaendahan sing ana ing sajroning wacan sing diwaca, utawa penghayatan.

d. Maca Cepet Maca cepet sejatine uga maca batin, nanging tempone wae sing beda.

d. Maca Cepet Maca cepet sejatine uga maca batin, nanging tempone wae sing beda. Ana ing maca batin anggone maca biasa-biasa wae amarga ora ana watesane wektu. Nanging maca cepet, anggone maca diwatesi wektu. Tujuan baku teknik maca cepet yaiku narik utawa nggolek lan ngumpulake intisarine informasi utawa pangerten kanthi cepet. Cekake, intine maca cepet yaiku ngerti isine wacan kanthi cepet. Ora ana gunane maca cepet yen ora ngerti apa sing diwaca.

Rumus ngetung cepete maca Para winasis nyoba gawe pandom ngetung cepete maca yaiku :

Rumus ngetung cepete maca Para winasis nyoba gawe pandom ngetung cepete maca yaiku : KM = J/W Katerangan : KM = cepete maca J = tembung sing diwaca WM = wektu sing dibutuhake maca

Cara-cara kanggo maca cepet : 1. Anggone maca ora saben tembung, nanging saklompok tembung.

Cara-cara kanggo maca cepet : 1. Anggone maca ora saben tembung, nanging saklompok tembung. 2. Aja mbolan-mbaleni tembung sing wis diwaca. 3. Aja kesuwen mandheg sangarepe ukara. 4. Ora digagas tembung-tembung kayata : ing, saka, marang, lsp. 5. Tanpa ngetokake suara saka lambe (lambene uga ora obah-obah) 6. Ora gedheg-gedheg sirahe ngetutake dawane ukara. 7. Pandelengane mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambe. 8. Tembung sing angel/ manca ditinggal dhisik. 9. Golekana kuncine tembung ing sakjeroning ukara.

ü Wacanen teks ing buku “kabeh Seneng Basa Jawa 1” kaca 48, nganggo teknik

ü Wacanen teks ing buku “kabeh Seneng Basa Jawa 1” kaca 48, nganggo teknik maca cepet! Etungen cepete anggonmu maca nganggo rumus!