Sanepa Yaiku unenunen sing memper pepindhan watak kadhapuk

  • Slides: 5
Download presentation
Sanepa Yaiku unen-unen sing memper pepindhan (watak), kadhapuk saka tembung kahanan lan tembung aran,

Sanepa Yaiku unen-unen sing memper pepindhan (watak), kadhapuk saka tembung kahanan lan tembung aran, nanging duweni teges kosok balen karo kahanane. Tuladha : Eseme pait madu Pait, tembung kahanan, madu, tembung aran, dadi pait madu. Madu sing rasane legi isih diarani pait yen dibandhingake karo eseme. Tegese pait madu iku ora pait nanging malah manis banget. Isa ditegesi yen eseme manis banget ngluwihi manising madu.

Tembung Entar Yaiku tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe wae/ sakbenere

Tembung Entar Yaiku tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe wae/ sakbenere kaya sing dikandhakake (ora lugas/ bukan makna harfiah). Dadi manut tegese kang ora salugune. Ing basa Indonesia diarani kata kias. Tuladha : Wong tuwane anggone nyambut gawe nganti adus kringet. Tegese adus kringet ora kok wong tuwane sawise nyambut gawe banjur adus jibar-jibur nganggo banyu kringet, nanging duweni teges mbangetake anggone nyambut gawe rekasa banget.

Gladhen: A. Tegesna sanepa kang kacetak miring iki! 1. Jamu sing diunjuk Barrack Obama

Gladhen: A. Tegesna sanepa kang kacetak miring iki! 1. Jamu sing diunjuk Barrack Obama rasane jan legi brotowali. 2. Amarga kena bom Marriot, satpam kuwi tatune arang kranjang. B. Gawea ukara nganggo tembung iki! ü Kuru semangka ü Anteng kitiran

Gladhen: Tegesna tembung entar kang kacetak miring iki! 1. Amarga kerep diece karo kanca-kancane,

Gladhen: Tegesna tembung entar kang kacetak miring iki! 1. Amarga kerep diece karo kanca-kancane, Nona Igun dadi abang kupinge. 2. Dhasar kethul pikirane, mung nggarap soal kaya ngene wae kok ora bisa. 3. Juwita Bahar tipis lambene. Wong tuwane dhewe kok diunek-unekake neng infotainment. 4. Akeh para selebriti sing lunyu ilate. Omongane esuk dhele, sore tempe. 5. Bareng wis kepilih, akeh Anggota Legislatif sing gedhe endhase, kabeh kudu manut marang dheweke. 6. Samangsane urip, Mbah Surip kae jembar segarane, ora tau duka marang wong liya. 7. Aja seneng metani alaning liyan, ora ngrumangsani yen awake dhewe durung mesthi benere. Gawea ukara nganggo tembung : Ø Amba jangkahe Ø Mangan ati Ø Panas atine

Ajining dhiri saka lathi, ajining raga saka busana.

Ajining dhiri saka lathi, ajining raga saka busana.