WANGSALAN Dening Bety Ria Anggraini Standar Kompetensi 3

WANGSALAN Dening : Bety Ria Anggraini

• Standar Kompetensi: 3. Membaca: Memahami wacana tulis sastra dalam kerangka budaya Jawa • Kompetensi Dasar: 3. 1 Membaca wacana wangsalan.

Tujuan Pembelajaran : • Siswa dapat menyebutkan pengertian wangsalan. • Siswa dapat menyebutkan jenis-jenis wangsalan. • Siswa dapat menemukan batangan wangsalan dalam kalimat yang mengandung wangsalan padintenan.

Wangsalan? Wangsalan yaiku unen-unen kaya cangkriman nanging wangsulanin/ batangan/ jawabane wis disebut sisan sarana sinandi/tersirat (ora diblakakake).

Wujudipun wangsalan: - Wangsalan lamba - Wangsalan memet - Wangsalan rangkep - Wangsalan padintenan

Wangsalan lamba inggih menika wangsalan ingkang batanganipun namung wonten satunggal. Tuladha: -roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. Ron (godhong) mlinjo=so ngaso so

Wangsalan memet • Wangsalan memet inggih menika wangsalan ingkang caranipun madosi batanganipun ambal kaping pindho. Tuladhanipun: -Nguler kambang, lakune alon-alonan. Uler kambang = lintah satitahe alon-alonan

Wangsalan rangkep Inggih menika wangsalan ingkang batanganipun langkung saking satunggal. Tuladhanipun: Jenang gula wader kalen sesondheran. Apuranta, yen wonten lepat kawula. (jenang gula=apu apuranta, wader kalen=sepat lepat) Sepat

Wangsalan padintenan Inggih menika wangsalan ingkang limrah dipunginakaken ing padintenan, wonten ingkang tanpa nyebutaken batanganipun. Tuladha: Jenang gula, aja lali welinge wong tuwa! (jenang gula=glali aja lali)

Soal • Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.

• Lawan kasar, sinaua kareben lulus Alus

• Kowe iku dhemene mutra bebek! Meri

• Ngembang jambu, aja kemaruk yen duwe ngelmu.

• Kok njanur gunung, kadingaren rawuh mrene. Aren

• Jenang gula, aja lali welinge wong tuwa! Glali

• Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.

• Sekar aren, sampun dangu anggen kula ngentosi. Dangu

• Balung janur, kersaa paring usada. Sada

• Wah padha nggodhong gedhang garing, nglaras ya! Klaras

Matur nuwun
- Slides: 20