TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN TULADHA 1 Sugeng siyang

  • Slides: 15
Download presentation
TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN

TEKS LISAN NJALUK KAWIGATEN

TULADHA 1 “Sugeng siyang kanca-kanca. Keparenga aku njaluk kawigatene sedhela, khususe kanggo pengurus OSIS

TULADHA 1 “Sugeng siyang kanca-kanca. Keparenga aku njaluk kawigatene sedhela, khususe kanggo pengurus OSIS ing Kelas 8 C, mengko sabubare pelajaran, watara jam 13. 30 kasuwun kumpul ana ing ruang ketrampilan saperlu ngrembug kegiyatan kanggo mahargya HUT kaping 72 RI. Mangkono wara-wara saka pengurus OSIS, awit kawigatene aku ngaturake panuwun”.

TULADHA 2 • Assalamualaikum Wr. Wb. • Nyuwun kawigatosanipun dhumateng warga masyarakat RT 07

TULADHA 2 • Assalamualaikum Wr. Wb. • Nyuwun kawigatosanipun dhumateng warga masyarakat RT 07 Padhukuhan Gumawang, bilih kangge mahargya HUT kaping 72 RI, kasuwun rawuhipun tindak gotong royong reresik lingkungan, pasang umbul-umbul lan gendhera tuwin ngecet pager, lan gapura. Makaten wara-wara saking pengurus RT, awit kawigatosanipun warga masyarakat RT. 07 Padhukuhan Gumawang kula ngaturaken agunging panuwun. • Wassalamu’alaikum Wr. Wb

LATIHAN • Gawea teks lisan njaluk kawigaten : 1. Wara-wara mangkat TPA 2. Wara-wara

LATIHAN • Gawea teks lisan njaluk kawigaten : 1. Wara-wara mangkat TPA 2. Wara-wara tirakatan malem 17 Agustus 3. Wara-wara nganggo sragam Pramuka lengkap ing tanggal 14 Agustus 4. Wara-wara mbayar iuran qurban tahun 1439 H 5. Sliramu arep mbiwarakake lomba pengetan dina kamardikan RI marang siswa kelas 8 b. Kepriye anggonmu njaluk kawigaten marang bocah-bocah sing padha rame? 6. Sliramu arep mbiwarakake lomba ing pengetan dina kamardikan RI. Kepriye anggonmu nyuwun kawigaten marang ibu-ibu PKK kang asik ngendikan? 7. Bel nedahaken wulangan jam kapisan, nanging Pak Agus dereng mlebet kelas. Ketua kelas 8 a lajeng madosi Pak Agus ing ruang guru. Ing ruang guru wonten Pak Hardi. Kadospundi aturipun ketua kelas 8 a dhateng pak Hardi?

MANGAYUBAGYA • Tujuan ; 1. aweh panjurung utawa panyengkuyung (motivasi, spirit) 2. supaya tansaya

MANGAYUBAGYA • Tujuan ; 1. aweh panjurung utawa panyengkuyung (motivasi, spirit) 2. supaya tansaya mempeng anggone sinau, gladhen lan kupiya apa wae kanggo nggayuh pepinginane. 3. duwe rasa preduli marang liyan ( peduli/ simpati/empati)

UKARA KANGGO AWEH PANGALEMBANA UPAMANE : • Wah, tulisanmu pancen rapi, cathetanmu ya komplit,

UKARA KANGGO AWEH PANGALEMBANA UPAMANE : • Wah, tulisanmu pancen rapi, cathetanmu ya komplit, Kowe pancen sregep tenan! • Sandhanganmu rapi banget dina iki! • Hebat tenan, bijimu 100! • Nah, ya ngono kuwi sing tak karepke! • Siip tenan, pokoke Ok! • Wis aja sumelang, mesthi kowe bisa!

GLADHEN 1. Sliramu aweh pangalembana marang adhimu wadon kang nganggo klambi mbayak ing pengetan

GLADHEN 1. Sliramu aweh pangalembana marang adhimu wadon kang nganggo klambi mbayak ing pengetan dina Kartini. 2. Sliramu caos pangalembana marang ibu kang ngagem busana kejawen. 3. Sliramu aweh pangalembana marang Tim PBB SMP 2 Patuk kang kasil dadi Juara 1 tingkat kecamatan Patuk

NYUWUN IDIN • Nuwun sewu, Pak guru, kula nyuwun idin badhe dhateng kolah. •

NYUWUN IDIN • Nuwun sewu, Pak guru, kula nyuwun idin badhe dhateng kolah. • Nuwun sewu, Pak guru, kula nyuwun idin badhe ngeteraken Agus dhateng UKS awit piyambakipun sakit • Nuwun sewu Bu Guru, kula nyuwun idin badhe ngumumaken wara-wara kagem kanca ing kelas 8 C • Nuwun sewu Bu, kula badhe sinau kelompok dhateng griyanipun Ratri, mangke wangsul kula jam 5 sonten • Nuwun sewu Pak, menawi dipunkeparengaken kula badhe nyuwun idin ngampil sepedha motoripun kangge tumbas obat wonten apotek

GLADHEN • Bapak ora bisa tindak gotong royong, mula sliramu didhawuhi mamitake marang Pak

GLADHEN • Bapak ora bisa tindak gotong royong, mula sliramu didhawuhi mamitake marang Pak Rt. Kepriye aturmu marang Pak Rt? • Nalika nyuwun pamit mangkat sekolah marang bapak lan ibu. • Gawea teks pacelathon kanthi tema ing ngisor iki : Anak lelungan kudu pamitan karo wong tuwa, supaya yen ana apa to apa wong tuwa bisa nglarah lakune anak. Kaya Ratri arep lunga menyang omahe Rani luwih dhisik matur nyuwun idin marang bapa lan ibune. Anggone matur nganggo basa krama alus. Sadurunge mangkat uga pamitan lan salaman marang bapa lan ibu.

NJALUK NGAPURA Ukara kanggo njaluk pangapura upamane : • Apuranen aku ya dhik! •

NJALUK NGAPURA Ukara kanggo njaluk pangapura upamane : • Apuranen aku ya dhik! • Sing gedhe pangapuramu ya Mas! • Bu kula lepat, kula nyuwun pangapunten! • Ingkang ageng ing pangaksama menawi kathah lepat kula, Pak! • Wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten • Ya aku sing kleru, sing gedhe pangapuramu • Nyuwun pangapunten bu, benjing malih boten kula pindho, kula kapok saestu

NJALUK PANGAPURA UJUNG ING DINA RIYAYA : • Kepareng matur dhumateng bapak saha ibu

NJALUK PANGAPURA UJUNG ING DINA RIYAYA : • Kepareng matur dhumateng bapak saha ibu sekaliyan, ingkang sepisan kula ngaturaken Sugeng Riyadi dhumateng panjenengan sekaliyan. Ingkang kaping kalih kula ngaturaken pangabekti kula dhumateng bapak saha ibu sekaliyan, Ingkang kaping tiga kula ngrumaosi bilih kathah sikap saha patrap ingkang boten ngremenaken kepara damel sakit manahipun bapak saha ibu, pramila wonten ing wekdal ingkang suci punika kula nyuwun lumunturing sih pangaksami saking bapak saha ibu sekaliyan. Ing saklajengipun keparenga kula mugi-mugi saged kasembadan menapa ingkang dados genyuwun tambahing donga gayuhan kula. Cekap semanten atur kula mbok bilih wonten klentuning atur kula nyuwun pangapunten.

GLADHEN Gawea teks lisan njaluk pangapura 1. Nyuwun pangapura marang bapak ibu guru jalaran

GLADHEN Gawea teks lisan njaluk pangapura 1. Nyuwun pangapura marang bapak ibu guru jalaran ora nggarap PR 2. Nyuwun pangapura marang bapak ibu guru amarga tekamu telat 3. Nyuwun pangapura marang bapak ibumu jalaran olehmu bali saka dolan nganti kesoren 4. Njaluk pangapura marang kancamu amarga kelalen ora nggawakake buku cathetan 5. Kelas 8 b ulangan Basa Jawa. Bijinipun Tika kedahipun 85, nanging anggenipun matur klentu 65. Kadospundi aturipun Tika dhateng Pak Guru kangge ngleresaken bijinipun?

TATA KRAMA MERTAMU • nyandhang menganggo kang becik kanggo ngurmati sing kagungan dalem •

TATA KRAMA MERTAMU • nyandhang menganggo kang becik kanggo ngurmati sing kagungan dalem • ndhodhok lawang/uluk salam /kula nuwun paling akeh kaping telu, menawa ara ana wangsulan ditinggal bali • Tamu lanang ora kena mlebu omah menawa sing ana omah mung wong wadon. • aja nginjen menyang jero omah • ngrahapi suguhan kanthi seneng, aja nyacad lan aja kaya wong ngelih • Mertamu aja wayahe wong mangan utawa ngaso. • mertamu ora kena ngluwihi jam sanga wengi • Tamu nginep paling suwe telung dina lan kudu lapor Rt.

TATA KRAMA NAMPA TAMU 1. nyandhang menganggo kang becik kanggo ngurmati tamune 2. nampa

TATA KRAMA NAMPA TAMU 1. nyandhang menganggo kang becik kanggo ngurmati tamune 2. nampa tamu kanthi pasuryan seneng/sumringah 3. nyuguh tamu samadya wae 4. Nalika tamu bali ngeterke nganti tekan lawang utawa pager omah

MATUR NUWUN

MATUR NUWUN