STRATEGI PEMBELAJARAN BASA SASTRA DAN BUDAYA JAWA NAMA
STRATEGI PEMBELAJARAN BASA, SASTRA, DAN BUDAYA JAWA NAMA ANGGOTA KELOMPOK 5 : KHATRIN NABILA A. (NIM 18205241006) FATIKHA AULIA A. (NIM 18205241020) VIDA DHEVIANA M. (NIM 18205241026) KELAS : PBD A 2018
Nemtokaken Metode Pembelajaran Saking Video
Metode ingkang kaginakaken wonten ing video pembelajaran menika METODE PEMBELAJARAN INTERAKTIF
Wonten ing metode pembelajaran interaktif menika wonten saperangan bab, inggih menika : Diskusi Pembelajaran menika ngginakaken diskusi kangge madosi kasil pasinaon. Diskusi menika dipunwujudaken mawi ndamel kelompok alit saking para murid. Wonten ing kelompok menika sampun dipunparingi tugas menapa ingkang kedah dipuntindakaken. Mawi kelompok diskusi menika lajeng saged mujudaken bab salajengipun, inggih menika debat.
DEBAT Debat menika minangka kasil saking diskusi kala wau. Debat menika saged antawisipun murid saha saged ugi kalihan guru. Diskusi ingkang sae saged ndadosaken kathah pamanggih saking beda-beda aspek lajeng debatipun saged mlampah kanthi sae. Para murid ugi sinau kangge ngaturaken pamanggih ingkang sopan saha trep. PEMECAHAN MASALAH Salajengipun ngenani kathahipun pamanggih menika para murid lajeng nemtokaken pamanggih ingkang pundi ingkag leres utawi saged nggabungaken sadaya pamanggih menika dados satunggal dudutan.
4. COOPERATIVE LEARNING Saking wontenipun kelompok-kelompok menika lajeng saged nambah keaktifan saking murid supados sami matur menapa ingkang dados penggalihipun saha guru saged langkung celak kalihan muridipun supados langkung sae anggenipun nemtokaken kemampuan murid menika. 5. KELOMPOK TUTORIAL Kelompok tutorial menika pembagian kelompok dipunpilih adhedhasar kemampuan ingkang rata. 6. BERMAIN PERAN Peran ingkang dipunmaksud menika saged mbagi peran wonten ing salebeting kelompok, wonten ketua kelompok, notulen, pemateri manawi badhe presentasi saha moderator.
- Slides: 6