PRANATACARA ADHANINGGAR RATNA H 01 ADNE LATIVA AZHAM

  • Slides: 15
Download presentation
PRANATACARA ADHANINGGAR RATNA H (01) ADNE LATIVA AZHAM M (02) AJENG HAYU SEKAR RINAKIT

PRANATACARA ADHANINGGAR RATNA H (01) ADNE LATIVA AZHAM M (02) AJENG HAYU SEKAR RINAKIT (03) DIANDRA AYU LARASATI (04)

Pranatacara Pranata : paugeran Adicara Pranatacara : paugeran tumraping tata gelar adicara ingkang badhé

Pranatacara Pranata : paugeran Adicara Pranatacara : paugeran tumraping tata gelar adicara ingkang badhé kalampahan Panatacara Panata : ingkang nata Adicara Panatacara : tiyang ingkang kajibahan nata lan ngatur tumapaking adicara wiwit pambuka ngantos paripurna, cekakipun tembung panata adicara punika lajeng kalimrah dipuntembungaken MC utawi pembawa acara.

SARAT DADOS PRANATACARA 1. 2. 3. 4. Swara Busana (Ageman) Subasita (Trapsila) Basa lan

SARAT DADOS PRANATACARA 1. 2. 3. 4. Swara Busana (Ageman) Subasita (Trapsila) Basa lan Sastra

Perkawis ingkang kedah dipuncawisaken minangka sangu murih saged renggep ing wicara : 1. Gegayutan

Perkawis ingkang kedah dipuncawisaken minangka sangu murih saged renggep ing wicara : 1. Gegayutan kaliyan jiwaning wedharan, inggih punika pambudidaya murih wedharing pangandikan nggadhahi bobot tuwin raos. 2. Gegayutan kaliyan ulah swara, inggih punika pambudidaya murih wijiling pangandikan saged cetha tuwin membat mentuling swara sekéca dipunmirengaken. 3. Gegayutan kaliyan patrap, inggih punika pambudidaya murih patraping salira punapadéné patraping busana netepi subasita ingkang lumampah.

Sangunipun panata adicara tuwin pamedharsabda supados wijiling pangandikan nggadhahi bobot antawisipun wonten gangsal (5)

Sangunipun panata adicara tuwin pamedharsabda supados wijiling pangandikan nggadhahi bobot antawisipun wonten gangsal (5) perkawis : 1. Pirsa saèstu / nguwaosi dhateng ayahanipun. 2. Nguwaosi basa lan sastra. 3. Tètèh / baut micara. 4. Lantip ing panggraita saha tanggap ing swasana. 5. Kagungan kawruh ingkang cekap, mliginipun ingkang wonten gegayutanipun kaliyan ayahan punapadéné kawruh sanèsipun.

1. Ing babagan basa, kaginakaken basa ingkang trapsila saha wijang prasaja. 2. Tanggap ing

1. Ing babagan basa, kaginakaken basa ingkang trapsila saha wijang prasaja. 2. Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng 3. Mangertosi rantaman-rantaman tumapaking adicara kanthi permati. 4. Mangertos asma-asma paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun. 5. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara. 6. Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan (ketua panitia) supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara. 7. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh. PATHOKAN-PATHOKAN KANGGE PRANATACARA

BAKUNIPUN RERANTAMAN PRANATACARA 1. Salam Pambuka a. Manten : basanipun mewah, agung mboten komunikatif,

BAKUNIPUN RERANTAMAN PRANATACARA 1. Salam Pambuka a. Manten : basanipun mewah, agung mboten komunikatif, melodius b. Lelayu : tintrim, wedi, sendu, syahdu, datar c. Karang taruna : komunikatif, interaktif, dinamis 2. Atur Pakurmatan Wonten ing atur pakurmatan ingkang kasebat kaping pisan inggih menika tergantung kaliyan : a. Yuswa b. Jabatan c. Rakyat biasa

- sesepuh : ingkang sampun sepuh - pinisepuh : tiyang ingkang dipun sepuhaken -

- sesepuh : ingkang sampun sepuh - pinisepuh : tiyang ingkang dipun sepuhaken - ajisepuh - para priyagung pangemban pangembating praja : lurah dumugi presiden - para luhur : bangsawan - para sarjana tama - para budayawan - para alim ulama : pangajengipun agama - para tamu

3. Atur puji syukur dhumateng ingkang maha kuwaos 4. Inti : rerantamanipun adicara 5.

3. Atur puji syukur dhumateng ingkang maha kuwaos 4. Inti : rerantamanipun adicara 5. Pamiji : panyuwunan alus saking MC kangge para tamu 6. Panutup 7. Salam panutup

TEMBUNG INGKANG MBOTEN ANGSAL DIAGEM § Makempal/kempal : pepanggihan § Kita : kula lan

TEMBUNG INGKANG MBOTEN ANGSAL DIAGEM § Makempal/kempal : pepanggihan § Kita : kula lan panjenengan § Kerawuhan : rawuh panjenengan § Ngancik : acara saklajengipun § Jumeneng : ngadeg § Kirang wicaksana: kirang prayogi § Dhumateng: kagem, kangge § Sepindah : sepisan

TRIK MUNGGEL PANGANDIKAN PAMEDHAR SABDA 1. Nyaosi kode asta saking sawingkingipun para tamu ingkang

TRIK MUNGGEL PANGANDIKAN PAMEDHAR SABDA 1. Nyaosi kode asta saking sawingkingipun para tamu ingkang lenggah. 2. Titip seratan alit dhateng juru photo kanthi boten ketawis dipuncaosaken dhateng pamedhar sabda. 3. Sound systemipun dipun ewahi supados speakeripun saged dipun dandosi sinambi matur kanthi boten ketawis dening tamu. 4. Pranataca saged paring cecala dhateng pamedhar sabda ngengingi wekdal saderengipun pamedhar sabda pentas.

Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda

Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ). Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah ( dipun damel-damel ). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara ( ucapan ), langkung-langkung beda mingsad-mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan. Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda. SWARA

Ajining raga gumantung busana. Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacara

Ajining raga gumantung busana. Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun ayahi. Jejering pranatacar saha pamedhar sabda saged katingal ngreng menawi karengga swanten, raga lan busana ingkang pantes. Pangudining busana saged ngetrepaken kaliyan rupi utawin wernining busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon. Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-saenipun dening pranatacara, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung sae ugi kagem para pranatacara ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados pranatacara, busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan panitya, amrih hasil ingkang dipun kajadaken sae wontenipun. BUSANA (AGEMAN)

Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang,

Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, sagd ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda. Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel ( katingal dening asanes utawi mboten ) langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaken ( kaku ). Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan. Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe nandang duka sungkawa. SUBASITA (TRAPSILA)

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados

Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kapireng ing asanes. Kanthi pangertosan ingkang sae babagan basa tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung , ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras. Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana. Leres : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan parasastranipun. BASA LAN SASTRA