PEMBELAJARAN 7 Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 8
PEMBELAJARAN 7 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : 8 Semester : Ganjil
Kompetensi Dasar : Menulis mengenai ketrampilan hidup. �Indikator : 1. Mampu menentukan contoh. Ketrampilan hidup yang dipilih. 2. Mampu membuat kerangka topik ketrampilan hidup. 3. Mampu mengembangkan kerangka topik menjadi kerangka tentang ketrampilan hidup dalam ragam bahasa ngoko dan krama.
Gatekna tuladha wacan Ketrampilan Urip ing ngisor iki! NGINGU IWAK PATIN ING KOLAM TERPAL Iwak Patin kalebu iwak tanpa sisik kaya lele, daginge gurih duwe eri landhep ing perangan sirip wujude kaya patil lele. Iwak Patin kang dikabarake duweni rasa luwih enak katimbang iwak Lele lan luwih larang regane iki wis dicoba diupakara ing kolam terpal kanthi banyu kang mandheg. amarga isih tahap percobaan, bibit patin iki isih rada larang. beda karo manawa dituku kanthi cacah kang akeh.
Bacute. . Saklebatan iwak patin utawa iwak Jambal iki memper iwak lele. Manawa diwaspadakake saka cedhakan iwak patin luwih tipis ing perangan buri katimbang iwak lele. Iwak patin uga ora duwe sisik kaya iwak lele. iwak iki kalebu iwak kang giras lan luwih tahan ing banyu mandheg katandhing iwak gurame. Sirip buntut awangun segitiga cacah loro, saliyane sirip uga duwe patil ing kiwa tengen. iwak patin uga ana kang diupakara ing aquarium amarga wujude kaya Hiu cilik. Iwak patin uga bisa dipiyara ing kolam kang kagawe saka terpal. Sawise kolam terpal diresiki, banjur diisi banyu sumur. apike banyu kolam kanggo miyara iwak patin kudu disiapake sawetara wektu sadurunge diwenehi bibit iwak. kolam diisi banyu lan dirabuk kaya dene arep ngingu iwak liyane. 100 bibit patin bisa dipiyara ing kolam terpal cilik ukuran 1, 2 X 2 meter dhuwur 40 centimeter. Kolam dibanyoni tanpa ana banyu mili mlebu lan metune. Uyah sagegem dicemplungke banyu saember, kanggo madhahi bibit patin dadurunge dipindhah menyang kolam udakara setengah jam. Iwak Patin bisa dipanen watara umur 4 nganti 7 wulan gumantung pesenan. bibit iwak ijen bobot 8 -12 gram, dipiyara kanthi cara lumrah ing wektu 4 sasi bisa dadi bobot 600 – 700 gram saben iwake. � Saking akehing pesenan saka saperangan masyarakat, mula ngupakara iwak patin iki duwe prospek kang apik. menawa para petani iwak patin kang mbudidaya pamiyara kanthi teknik kang bener, bokmenawa hasile uga bakal dadi apik. � zonaikan. files. wordpress. com
Gladhen/Tugas: �Gawea karangan ketrampilan urip kanthi tema bebas, utawa milih salah sijine tema ing ngisor iki! 1. Gawe gambar cap 2. Gawe tape tela/ ketan 3. Ngingu iwak lele 4. Nenandur kembang Randha Bolong 5. Nenandur tomat/terong ing pot, lsp
PERHATIAN �Semua siswa HARUS mengumpulkan tugas: 1. Pembelajaran 1 2. Pembelajaran 2 3. Pembelajaran 3 4. Pembelajaran 4 5. Pembelajaran 5 6. Pembelajaran 6 7. Pembelajaran 7 Bagi yang belum lengkap mohon segera melengkapi, karena untuk pengisian nilai raport.
- Slides: 6