PEMBELAJARAN 5 Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 7

PEMBELAJARAN 5 • • Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : 7 Hari, Tanggal : Jumat, 4 September 2020 Semester : Ganjil

Slide Title Kompetensi Dasar : 4. 2 Menyampaikan tanggapan tentang isi teks Serat Piwulang (Wulangreh Pupuh Pangkur) Indikator : 1. Memahami teks Serat Piwulang (Wulangreh Pupuh Pangkur) 2. Membuat tanggapan tentang isi teks Serat Piwulang (Wulangreh Pupuh Pangkur)

PANGKUR 1. Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri,

2. Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng anendra, duga-duga nora lali.

3. Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.

4. Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan panut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung neniwasi.

5. Mapan wateke manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun, pan dadya panengeran, kang apinter kanggo bodho miwah kang luhur, kang asor lan kang mlarat, tanapi manungsa sugih. (Serat Wulangreh kaanggit denung PB IV)

TUGAS SISWA

1. Golekna tembung-tembung kang angel saka tembang kasebut! 2. Golekna tegese tembung-tembung kasebut! 3. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki gegayutan karo tembang Pangkur ing dhuwur mau! a) Apa arane tembang kasebut! b) Tembang kasebut ana pirang pada/bait? c) Pada/bait 3 kedadeyan saka pirang gatra/baris?

d) Guru wilangan (suku kata) gatra/baris 3 cacahe ana pira? e) Apa guru lagu saka gatra/baris 2 pada/bait 4? f) Apa guru lagu gatra/baris 6 pada/baris 4? g) Pada/Bait 4 kedadeyan saka pirang gatra/baris? h) Cekakan saka apa PB iku? i) Tembang pangkur kasebut kapethik saka ngendhi? j) Sapa kang nganggit Serat Wulangreh kasebut?

Ø Tugas iki dikumpulke bareng karo pelatihan 2, 3, 4 lan seteruse. Ø Digarap ing kertas folio. Pojok dhuwur ditulisi jeneng lan kelase, uga nomer absen. Sugeng makarya (selamat mengerjakan)
- Slides: 11