PEMBELAJARAN 4 Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 9
PEMBELAJARAN 4 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : 9 Semester : Ganjil
Kompetensi Dasar: 3. 4 Menelaah teks deskriptif tentang upacara adat Indikator: 1. Membaca pemahaman teks tata cara/upacara adat 2. Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi bacaan 3. Mengungkapkan pokok-pokok isi bacaan secara tertulis
SEDHEKAH LAUT ING PANTAI MORO DEMAK
Syawalan minangka adicara sedhekah laut sing dianakake ing Pantai Moro Demak, 15 km saka kutha Demak saben tanggal 7 Syawal utawa seminggu sakwise Idul Fitri. Sedhekah laut ing Pantai Moro Demak dianakake para pamisaya mina saka desa telu ing Kecamatan Bonang, yaiku desa Purwarejo, Margolinduk, lan desa Moro. Sedhekah laut utawa kang diarani Syawalan minangka wujud rasa syukure para pamisaya mina kang wis kasil entuk iwak kang luwih-luwih. Kajaba iku uga nyenyuwun marang Allah SWT supaya diparingi keslametan. Adicara kasebut wujude larung sesaji awujud maneka warna panganan, endhog lan kembang ing tengahe segara.
Bacute. . Tradhisi sedhekah laut utawa kang luwih misuwur Syawalan dening para pamisaya mina ing Moro Demak ditekani ewonan wong saka Demak dhewe lan uga saka njaban Demak. Adicara sedhekah laut dianakake ing pantai Moro Demak. Adicara diwiwiti kanthi panyerahe tumpeng saka panitita Syawalan marang Bupati, sabanjure tumpeng loro digawa dening pemudha cacah wolu kang diiringi prajurit patang puluhan tumuju kapal. Kang rawuh ing adicara mau yaiku Bupati, para pangembating praja, tokoh masyarakat lan uga tokoh agama. Sabanjure Bupati, para pangembating praja, tokoh agama lan tokoh masyarakat munggah menyang kapal tumuju ing tengahe segara kairing puluhan prau. Kalebu perahu Tim SAR saka Kesbangpolinmas lan Polair Polres Demak kang gunge ana papat. Prau kang wis karias nganggo janur lan panganan khas Syawalan kayata kupat, lepet lan liya-liyane iku dadi kawigaten kang mirunggan tumrape para warga lan pamisaya mina. Sakwise ing tengah segara prau-prau mau banjur mandheg saperlu padha tahlilan donga bebarengan, lan uga pamotonge tumpeng dening Bupati kang kapasrahake marang salah sawijine panitiya.
Bacute. . . Intine adicara yaiku ngunjukake rasa syukur lan pandonga para pamisaya mina supaya pinaringan berkah lan kaslametan nalika padha golek pangupa jiwa ing tengahe segara, sanajan ombake segara tarkadhang gedhe nanging muga-muga para pamisaya mina tansah pinaringan kaslametan. Adicara Syawalan mau sakliyane larung tumpeng uga diramekake adicara hiburan, kayata pasar malem, pagelaran wayang, rebana, seni barongan, kuda lumping, lomba perahu hias, menek pucang, nyekel bebek, lomba mancing, lan liyane. Acara-acara mau nambahi grengseng lan ramene adicara Syawalan kang dianakake saben taun. (https: //demaksumilir. blogspot. com)
TUGAS: I. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki! 1. Irah-irahane wacan kasebut yaiku …. 2. Adicara Syawalan ing Pantai Moro Demak dianakake saben taun mbeneri tanggal. . 3. Intine adicara Syawalan utawa sedhekah laut ing Pantai Moro Demak yaiku. . 4. Urut-urutane adicara sedhekah laut ing Pantai Moro yaiku. . 5. Kang rawuh ing adicara sedhekah laut ing Pantai Moro Demak yaiku. . II. Critakna maneh teks deskriptif babagan upacara adat“Sedhekah Laut Ing Pantai Moro Demak” ing dhuwur nganggo basamu dhewe supaya luwih gampang dimangerteni: a. Basane ngoko b. Paling sithik sapretelon folio (sepertiga folio)
Tata cara nggarap tugas: 1. Ditulis ing kertas folio ORA ning buku 2. Pojok tengen ditulisi: a. Mata Pelajaran : Bahasa Jawa b. Pembelajaran 4 c. Jeneng b. Kelas c. Nomer absen
- Slides: 8