PEMBELAJARAN 4 Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 7
PEMBELAJARAN 4 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : 7 Hari, Tanggal : Jumat, 28 Agustus 2020 Semester : Ganjil
Kompetensi Dasar : 3. 2 Mengapresiasi teks Serat Piwulang (Wulangreh Pupuh Pangkur) Indikator : 1. Memahami teks Serat Piwulang (Wulangreh Pupuh Pangkur) 2. Menyebutkan pathokan tembang pangkur 3. Mengapresiasi makna teks Serat Piwulang (Wulangreh Pupuh Pangkur)
Serat Wulangreh iku kaanggit dening Pakubuwana IV (PB IV). Pakubuwanan iki pujangga saka Kraton Surakarta Hadiningrat. Panjenengane kawentar banget, embuh iku ing tlatah kraton apadene ing jabaning kraton. PB IV kalebu pujangga kang aktif lan kreatif
Pujangga minangka tepa tuladha marang masyarakat, mlinge ing kraton lan umume masyarakat. Anggone paring piwulang kejaba tepa tuladha langsung, uga lumantar tulisan. Piwulang kan lumantar tulisan kanthi ancas lan tujuan paring wewarah marang wong akeh utawa masyarakat. Wewarah kasebut kaangkah bisa migunani lan dadi pandom panutaning laku ing ngaurip utawa minangka dadi pedhoman ing masyarakat ing barayan agung (masyarakat)
Piwulang ing serat iki, kadhapuk arupa tembang macapat, umpamane ing tembang Dhandanggula, Kinanthi, Gambuh, lan Pangkur. Menawa arep nembangke tembang macapat kudu mangerteni bab tembang macapat, luwih cethane, tembang macapat iku tembang kaiket dening pathokan: 1. Guru gatra : cacahing larik (baris) ing tembang macapat 2. Guru Wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat 3. Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra tembang macapat
Gatekna pada (bait) 1 lan pada (bait) 2 pupuh pangkur Serat Wulangreh ing ngisor iki!
PANGKUR 1. Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri,
2. Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng anendra, duga-duga nora lali. (Serat Wulangreh kaanggit denung PB IV)
TUGAS SISWA 1. Golekna guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur ing dhuwur pada 1 lan 2 (bait 1 lan 2) 2. Tegesi tembang pangkur pada 1 (bait 1) ing dhuwur saben gatra utawa barise! 3. Tulisen isine tembang pangkur pada 1 (bait 1)! 4. Tulisen isine tembang pangkur pada 2 (bait 2)!
Tugas iki dikumpulke bareng karo pelatihan 2, 3, 4 lan seteruse. Ø Digarap ing kertas folio. Pojok dhuwur ditulisi jeneng lan kelase, uga nomer absen. Ø Sugeng makarya (selamat mengerjakan)
- Slides: 10