PEMBELAJARAN 2 Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 9

PEMBELAJARAN 2 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : 9 Semester : Ganjil Kompetensi Dasar : 3. 2 Menelaah isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh Indikator : 1. Mengartikan kata-kata sukar dalam tembang Gambuh 2. Menjelaskan isi tembang Gambuh

SERAT WULANGREH Serat Wulangreh kaanggit dening : Sri Pakubuwana IV

Serat Wulangreh awujud tembang kedadean saka 13 pupuh: 1. Dhandhanggula 2. Kinanthi 3. Gambuh 4. Pangkur 5. Maskumambang 6. Durma 7. Wirangrong 8. Pocung 9. Mijil 10. Asmaradana 11. Sinom 12. Girisa 13. Dudukwuluh

Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula (Pada 1) Pamedhare wasitaning ati Cumanthaka aniru pujangga Dhahat mudha ing batine Nanging kedah ginunggung Dhatan wruh yen akeh ngesemi Ameksa angrumpaka Basa kang kalantur Tutur kang katula-tula Tinalaten rinuruh kalawan ririh Mrih padhanging sasmita

Terjemahan Tembang Dhandhanggula (Dhandhanggula Pada 1) kandhane pitutur kanggo nata ati kalebu lancang yen niru pujangga yen kawruhe isih cethek Nanging kudu dingerteni gunge utawa akehe ora ngerteni akeh sing padha nggeguyu yen kapeksane kudu ngracik basa kang nggladrah reracikane tembung kang kudu dilelimbang ditlateni, dipilih sing alus supaya padhang ing polataning rai Intine: Dibisa nata ati. niru pujangga kalebu lancang yen pancen kawruhe isih cethek. Kurang begjane akeh sing padha ngguyu. yen kapeksane reracikane tembung kudu dilelimbang, ditlateni, dipilih sing alus kareben ora natoni liyan.

Dhandhanggula ( pada 2 ) Sasmitane ngaurip puniki Mapan ewuh yen nora weruha Tan jumeneng ing urip Akeh kang ngaku-aku Pangrasane sampun udani Tur durung weruh ing rasa Rasa kang satuhu Rasaning rasa punika Upayanen daropan sampurna ugi Ing kauripanira

Ayahan (Tugas ) 1. Wacanen tembang Dhandhanggula pada 1 kanthi patitis! 2. Gatekna terjemahane saben gatra utawa baris! 3. Gatekna isine tembang Dhandhanggula pada 1 kasebut! 4. Tulisen Pembelajaran 2 iki ing buku cathetan!

Gladhen (Latihan) Wacanen tembang Dhandhangula pada 2 kanthi premati! 2. Terjemahna tegese tembang kasebut saben gatra/ baris kaya contone ing dhuwur! 3. Jawaban ditulis ing kertas folio, ora ning buku! 1.

Dhandhanggula (pada 2) No Gatra Tegese 1 Sasmitane ngaurip puniki . . . 2 Mapan ewuh yen nora weruha . . . 3 Tan jumeneng ing uripe . . . 4 Akeh kang ngaku-aku . . . 5 Pangrasane sampun udani . . . 6 Tur durung wruh ing rasa . . . 7 Rasa kang satuhu . . . 8 Rasaning rasa punika . . . 9 Upayanen darapon sampurna ugi . . . 10 Ing kauripanira . . . Intine Tembang: . . . . . . .

Ayo Padha digarap! Sugeng Ngayahi Pakaryan (Selamat Mengerjakan )
- Slides: 10