PAKAIAN ADAT YOGYAKARTA PRIA PEMBAHASA N BLANGKON SURJAN
PAKAIAN ADAT YOGYAKARTA PRIA
PEMBAHASA N
BLANGKON SURJAN BESKAP ATELLAH STAGE N JARIK SELOP EPEK lan TIMANG KERIS
Blangkon iku dinggo karo wong lanang fungsine supaya rambute ora modal madil. Blangkon gaya yogya ono mondolane ing mburi, sebab biyen, wong lanang yogya seneng ngopeni rambut dawane terus ditaleni mendhuwur (kaya Patih Gajah Mada) terus talenan rambut mau diarani gelungan terus dibungkus lan ditaleni. Sak wise kui berkembang dadi blangkon. Motif batik kangge blangkon : gadung melati lan modang.
FILOSOFI Nggambarake masyarakat jawa sing pinter nyimpen rahasia, ora seneng mbuka aib wong liya utawa awake dewe.
SURJA N Surjan yaiku klambi lanang khas yogyakarta berkerah tegak; nduweni lengen dhawa, digawe saka bahan lurik. Tembung surjan iku saka bentuk tembung garba yaiku tembung suraksa-janma (menjadi manusia). Klambi surjan asale saking zaman Mataram Islam awal. Klambi surjan dipopulerake marang Sunan Kalijaga.
FILOSOFI SURJAN Busana surjan biasa kasebut “ageman takwa”, amarga nduweni makna filosofi, yaiku: 1. Bagian gulu klambi surjan nduweni kancing 3 pasang (6 biji kancing) sing nggambarake rukun iman. 2. Surjan uga nduweni 2 kancing bagian dada sebelah kiwa lan tengen. Sing nduweni filosofi 2 kalimat syahadat. 3. Surjan nduweni 3 kancing njero (bagian dada cedak weteng) sing letake ketutup (ora katon) saka ngarep nggambarake 3 macam nafsu manungsa sing kudu dikendalikake. Nepsu-nepsu kasebut yaiku nepsu bahimah (hewani), nepsu lauwamah (nafsu mangan lan ngombe), lan nepsu syaitoniah (napsu setan).
BESKAP Beskap yaiku klambi lanang resmi, bentuke kaya jas didesain kaliyan wong walanda sing asale saka tembung beschaafd sing artine civilized utawa berkebudayaan. Warna sing lazim kanggo beskap biasane ireng, tapi warna laine kaya putih utawa coklat kerep digunakake. Beskap sing biasane dinggo wong yogya yaiku Beskap Atellah.
ATELLAH Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tertutup. Dados wiwit gulunipun, ing tengah katutup dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik. Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit dhuwung utawa keris
SETAGEN Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang utawa jarik wonten badan, supados boten mlorod utawa udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking jawi.
FILOSOFI SETAGEN Nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu tegap lan santun unggahungguhe.
SABUK Sabuk punika ageman kangge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
FILOSOFI SABUK Kudu bisa tekun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed supaya ora kerja tanpa asil.
EPEK LAN TIMANG Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun/ambane watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 -150 CM. kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran),
Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer. Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene selamaya.
FILOSOSFI EPEK LAN TIMANG • Epek: Supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nduweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas. • Timang: Ilmu kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.
JARIK Jarik, kramanipun inggil “Nyamping’, yaiku arupa kain bathik sing dianggo kanthi kagubedake ing badan nutupi jaja sak pangandhape, dene watese suku ing nginggil polok.
JENISE SINJANG/JARIK Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. Sinjang Kampuh utawi Dodot langkung panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah. Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng. Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.
FILOSOFI JARIK Supaya manungsa ora gampang serik marang wong liya. Yen ana perkara dirampungke kanthi cara apik lan ora grusa-grusu.
KERIS Keris yaiku arupa sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung sing diselipake ing tengahe sabuk ing sisih mburi (geger). Kenapa diselehake ing mburi? amarga ngandut filosofi wong Jawa iku ora nantang musuh. nanging yen ana musuh sing nyerang, menika senjatane wis siap. Uga nduweni Kawastanan adi luhung amarga sak donya mboten wonten tandhingipun.
Ladrang
CANELA/SELOP yaiku sakjenis sandal sing ketutup bagian ngarepe sing digawe saka kulit warna ireng. selop utawa sandal nduweni arti canthelna jroning nala. Filosofi: Yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah ing njero ati marang kuasaning Gusti Allah.
PITAKONAN § Bedane keris surakarta lan yogja (5) mau wes… • Bedane motif jarik surakarta lan jogja (30) jogja motif udan liris | surakarta motif parang nitik o Bedane selop jogja karo solo (11) Ora ana bedane. Bedane yo lanang karo wedok.
KEPLOK UN W U N M A R E T
- Slides: 24