NYEMAK KETHOPRAK dening Andhi Wisnu Wicaksono Kethoprak Teater

  • Slides: 29
Download presentation
NYEMAK KETHOPRAK dening Andhi Wisnu Wicaksono

NYEMAK KETHOPRAK dening Andhi Wisnu Wicaksono

Kethoprak Teater tradisional ingkang ngrembaka ing wewengkon Surakarta watawis taun 1922, sumebar ing saindenging

Kethoprak Teater tradisional ingkang ngrembaka ing wewengkon Surakarta watawis taun 1922, sumebar ing saindenging Jawa Tengah, Ngayogyakarta lan Jawa Timur. Ancasipun kangge suka panglipur, panyaruwe & sesuluh dhateng warga Kethoprak ngrembaka ing madyaning masyarakat, satemah winastan kesenian rakyat

Jinising Kethoprak: Kethoprak Lesung Kethoprak Tobong Kethoprak Pendhapan Pangrembakaning tekhnologi ndayani: Rekaman audio kethoprak

Jinising Kethoprak: Kethoprak Lesung Kethoprak Tobong Kethoprak Pendhapan Pangrembakaning tekhnologi ndayani: Rekaman audio kethoprak Rekaman audio visual kethoprak Live audio visual lumantar radio/televisi

Unggah-ungguh seni kethoprak: Tata trapsila Patrap Basa Busana

Unggah-ungguh seni kethoprak: Tata trapsila Patrap Basa Busana

Sumber Lakon Lelampahan padintenan Lelampahaning nagari/ pemerintahan Babad Crita Rakyat Lelampahan saking ngamanca

Sumber Lakon Lelampahan padintenan Lelampahaning nagari/ pemerintahan Babad Crita Rakyat Lelampahan saking ngamanca

Lampahing cariyos Dipun kupiyakaken momot maneka bab ingkang ngemu suwasana agung , greget, sereng,

Lampahing cariyos Dipun kupiyakaken momot maneka bab ingkang ngemu suwasana agung , greget, sereng, trenyuh, parisuka lsp Lampahing cariyos sampun ngantos njuwarehi Gampil dipun tampi pikajenganing lampahan Wosing lampahan kedah cetha

Adegan Paseban

Adegan Paseban

gandrungan Menggahing kathoprak klasik mapan ing adegan antawising putren & bambangan utawi putren kaliyan

gandrungan Menggahing kathoprak klasik mapan ing adegan antawising putren & bambangan utawi putren kaliyan grasak Menggahing kethoprak garapan boten kedah wonten

Adegan Gandrung

Adegan Gandrung

Tatarakit Panggung Dipun larasaken kalian suwasana adegan/ lampahan Panataning palenggahan kedah trep Manawi badhe

Tatarakit Panggung Dipun larasaken kalian suwasana adegan/ lampahan Panataning palenggahan kedah trep Manawi badhe ngangge level ugi kedah dipun trapaken undha usukipun Langkung prayogi manawi dipun biyantu kanthi tatacahaya ingkang trep

Kethoprak Garapan

Kethoprak Garapan

Basa Dipun larasaken kalian dhapukan Kedah dipun pilah basa kangge sasamining kawula, abdi kalian

Basa Dipun larasaken kalian dhapukan Kedah dipun pilah basa kangge sasamining kawula, abdi kalian bandara, nata kalian narapraja, grasak, gecul, lsp Basa ingkang dipun ginakaken prayoginipun boten saru, lekoh (kajawi yen kangge dagelan, ananging ugi kedah emut empan papan) gampil katampi dening penonton (komunikatif)

Busana Limrahipun busana kangge paraga kethoprak ngangge sinjang, surjan, dhestar/iket, clana panjen, epek timang,

Busana Limrahipun busana kangge paraga kethoprak ngangge sinjang, surjan, dhestar/iket, clana panjen, epek timang, lonthong , selop lsp minangka jejangkep ngadi busana jawi Dipun larasaken kalian lampahan, manawi methik lampahanipun stambulan, panji, lampahan jaman Hindu/ Kabudan busana prayoginipun ugi dipun larasaken supados resep lan trep kalian suwasana

Busana kangge Kawula

Busana kangge Kawula

TATA ARTISTIK MAKE UP: dipun larasaken kalian dhapukan PANGGUNG: jejangkep artistik kadosta tonil, ,

TATA ARTISTIK MAKE UP: dipun larasaken kalian dhapukan PANGGUNG: jejangkep artistik kadosta tonil, , dhampar, lincak, patamanan prayogi dipun larasaken kalian suwasana lampahan LAMPU: limrahipun general ananging manawi ngginakaken lampu warna sampun ngantos cengkah kalian suwasana. BLOCKING: Dipun kupiyakaken boten ngungkuraken penonton

DHAPUKAN PARAGA: Raja Narapraja/ sentana Bambangan Putren Dhagelan (batur &emban) Grasak Kawula

DHAPUKAN PARAGA: Raja Narapraja/ sentana Bambangan Putren Dhagelan (batur &emban) Grasak Kawula

Dekorasi Minimalis

Dekorasi Minimalis

Patrap Paraga ingkang kadhapuk dening dhalang/ sutradara patrapipun kedah saged ngetrepi dhapukanipun Patrap sampun

Patrap Paraga ingkang kadhapuk dening dhalang/ sutradara patrapipun kedah saged ngetrepi dhapukanipun Patrap sampun ngantos cengkah kalian dhapukan Sampurnaning patrap mimbuhi gesanging lampahan

Beber cariyos Wos : anggenipun beber lampahan boten kanthi naskah ananging kanthi dipun andharaken

Beber cariyos Wos : anggenipun beber lampahan boten kanthi naskah ananging kanthi dipun andharaken werdining lampahan. Sesekaran rembag dipun sumanggakaken dhateng paraga. Naskah : lampahan dipun wujudaken dhateng satunggaling naskah ingkang dipun anggit dening penulis naskah.

PIRANTI TABUHAN kethoprak : Lesung Terbang Kendhang Gangsa jangkep Keyboard

PIRANTI TABUHAN kethoprak : Lesung Terbang Kendhang Gangsa jangkep Keyboard

gendhing Ingkang dipun ginakaken salebeting kethoprak padatan: lancaran, ladrang , ketawang utawi gendhing garapan

gendhing Ingkang dipun ginakaken salebeting kethoprak padatan: lancaran, ladrang , ketawang utawi gendhing garapan laras pelog utawi slendro Wahananing gendhing dipun ajab sageda nggatra suwasana: agung , sereng, greget , gecul, sungkawa lsp miturut kabetahaning lampahan

Pengrawit, sindhen, penyanyi Perangan wigati saking pagelaran kethoprak ingkang nyengkuyung gesang & gumyaking pagelaran

Pengrawit, sindhen, penyanyi Perangan wigati saking pagelaran kethoprak ingkang nyengkuyung gesang & gumyaking pagelaran Panataning gendhing, prigeling pengrawit, sindhen lan suwasana panggung kedah saged nyawiji

SANGGIT Supados narik gregetipun pamirsa, dhalang utawi sutradara kethoprak kedah nggadhahi sanggit utawi garapan

SANGGIT Supados narik gregetipun pamirsa, dhalang utawi sutradara kethoprak kedah nggadhahi sanggit utawi garapan mirunggan. Garap sanggit ingkang dipun ginakaken prayogi tansah nyemak dhateng kawontenan ingkang nembe gayeng karembag ing masyarakat

DHALANG/ SUTRADARA Pana dhateng lampahan, basa & gendhing Saged dunungaken paraga miturut dhapukan Saged

DHALANG/ SUTRADARA Pana dhateng lampahan, basa & gendhing Saged dunungaken paraga miturut dhapukan Saged suka pitedah dhateng paraga ing maneka bab ingkang gegayutan kaliyan dhapukan Damel garap sanggit ingkang narik kawigatosanipun pamirsa Tanggap dhateng kawontenan

Manuksma (Penjiwaan) Paraga ingkang kadhapuk kedah saged manuksma kaliyan dhapukan Manuksmanipun paraga jalari gesanging

Manuksma (Penjiwaan) Paraga ingkang kadhapuk kedah saged manuksma kaliyan dhapukan Manuksmanipun paraga jalari gesanging suwasana pagelaran Damel sengsem, sengit lan trenyuh para pamirsa

Tanggapan penonton Dipun betahaken kangge nyaruwe dhateng lampahing pagelaran Kangge nitik kasil lan botenipun

Tanggapan penonton Dipun betahaken kangge nyaruwe dhateng lampahing pagelaran Kangge nitik kasil lan botenipun garap sanggit ingkang dipun cakaken Kangge panglimbang dhateng rantaman pagelaran candhakipun

ISEN - ISEN Narik gregeting pamirsa tumuju dhateng pagelaran umpaminipun beksan Kedah dipun jlimeti

ISEN - ISEN Narik gregeting pamirsa tumuju dhateng pagelaran umpaminipun beksan Kedah dipun jlimeti saestu sampun ngantos malah damel kembanipun pagelaran Bintang tamu kangge nambah regeng suwasana Sampun ngantos worsuh pangetrapipun kaliyan bakuning pagelaran

PANGREMBAKANING KETHOPRAK Klasik Garapan Kethoprak Humor

PANGREMBAKANING KETHOPRAK Klasik Garapan Kethoprak Humor