KESENIAN TRADISIONAL DAN BUDAYA DI KECAMATAN KEBONAGUNG DAN
KESENIAN TRADISIONAL DAN BUDAYA DI KECAMATAN KEBONAGUNG DAN KECAMATAN TULAKAN
KESENIAN TRADISIONAL WONTEN KEBONAGUNG NARASUMBER : BAPAK SUKIRAN KECAMATAN 1. Kesenian Perorangan a. Dalang Yaiku tiang ingkang gadhah keahlian nglakoake boneka wayang. Teng Kecamatan Kebonagung khususipun Desa katipugal menika kulo mendhet kesenian wayang kulit ingkang di gadhahi Bapak Dalang Sukiran. Contohipun gambar niki, yaiku gunungan/kayon.
Wonten mriki, gunungan yaiku filsafat gesangnipun para tiang. Pucuk kembang temu 2 merak ular lutung macan banteng 2 raksasa
Sedaya saben gambar ingkang wau, gadhah inti yaiku saben tiang gadhah sifat ingkang digambaraken wonten gunungan wau. Nek tiang niku saget ngendhaleake nafsu lan amarah, tiang niku bisa dados kembang pucuk temu wonten ujung gunungan, ingkang gadhah arti akhlak karimah. Ananging nek mboten saget ngendhaleaken, tiang niku saget dados murka lan nindaaken perbuatan mboten sae.
2. Kesenian kelompok Kesenian ingkang taksih aktif wonten kecamatan Kebonagung Desa Katipugal yaiku : a. Pedalangan : • Krawitan • Sworowati utawi pesinden b. Salawatan Tasik rutin latihan seminggu sapisan. Sak liyane niku salawatan wonten desa niki dipun engge kagem pitu dinanipun bayi lan boyongan griya.
c. Wayang uwong wonten mriki mboten patos aktif, ananging saben wonten acara mesti saget nampilaken. Sebabipun mboten wonten anggota lan peminat saking pemuda nggeh kurang. Sejatosipun masyarakat kepingin wayang uwong aktif malih lan saget nlglestareake kesenian tradisional wayang uwong wonten desa Katipugal. Amargi dianggep langka teng masyarakat. Tanggapanipun tiang enem-enem yaiku 50% purun tumut latihan, ananging proses latihanipun mboten saget cepet. Amargi ngge ngolehake gerakan ingkang sae, susah sanget.
KESENIAN TRADISIONAL KECAMATAN TULAKAN NARASUMBER : BAPAK SURATNO Kesenian daerah ingkang wonten ing Kecamatan Tulakan sejatosipun katah, kadosto wayang uwong, karawitan, tayub, ugi wayang kulit. Ananging mboten sedoyo punika taksih lumampah dugi sakniki. Kadosta wayang uwong, sakniki sampun mboten wonten awit tahun 1970 an. Menawi wayang kulit ugi karawitan taksih lumajeng dugi wekdal menika.
Icalipun keseniang tradisional dipun sebabaken kirangipun minat masyarakat dhateng kesenian Jawi lajeng mboten wonten generasi penerusipun. Kesenian tradisonal kalah pamor kaliyan kesenian-kesenian ingkang enggal ing majuning jaman menika. Menawi nanggap kesenian tradisional kados wayang purwa betah biaya ingkang awis, ananging menawi nanggap kesenian ingkang enggal betah biaya ingkang langkung sakedhik ugi cekak ing wekdal.
Ananging, menawi dhateng kesenian tradisional karawitan lan wayang purwa minatipun masyarakat Tulakan taksih sae sanget, mboten namung tiyang sepuh ananging ugi kawulo mudha. Khususipun wonten ing Desa Jatigunung, kangge nguri-uri lan nglestariaken kesenian wayang purwa lan karawitan ing sanggaripun Bp. Suratno dipun wontenaken latihan saben dinten rabu dalu kagem ibu-ibu PKK lajeng dinten sabtu dalu kagem para kawula mudha
GAMBARIPUN GAMELAN KANGGE KRAWITAN NGGIH MENIKI : GONG LAN KEMPUL GENDER SLENTHEM BONANG SARON DEMUNG
KENONG KENDHANG
KEBUDAYAAN/TRADISI WONTEN KECAMATAN KEBONAGUNG, DESA KATIPUGAL 1. Sri Sedanan yaiku kebudayaan ingkang dieneake sak durungipun pari awoh. Ceritanipun Sri Sedana ingkang digambaraken wonten cerita pewayangan. Sri sing artinipun dewi lan sedana ingkang gadhah arti sendang. Tujuanipun dieneake kebudayaan niki supados diadohne saking mara bahaya lan wujud rasa syukur kangge Allah SWT ingkang sampun maringi rezeki ingkang melimpah. Kegiatanipun yaiku petani mbeto andong puring lan banyu, sak wise pagelaran-ruwatan. Banyu dipun suntak wonten tulakan sabin lan kembang ditandur wonten pojokan sabin.
2. Bersih Desa Yaiku kebudayaan ingkang dieneake sak bibaripun panen/syukuran kagem Allah SWT, sampun diparingi limpahan rahmat. Bersih desa menika di laksanaake saben bulan Jawi longkang. Sarana ingkang diresiki yaiku resik dalan resik sumber. Misalipun sumber banyu, sungai, lan sumber sumur. Sak durungenipun nindaaken bersih desa, dalune wonten yasinan lan diterusaken wayangan. Enjinge para tiang ngempalaken sumber, didongani bareng. Sak bibaripun dipun unjuk utawa dibeto wangsung kalih keluargane. Sing nindaaken bersih desa saben pengangsong. Ingkan artine dikempalaken saben sak RT.
3. Babat Dalan Yaiku kebudayaan ingkang ditindaaken saben mangsa kapitu. Wayahipun katah-katahe penyakit, udan, lan udan angin. Tujuanipun ditindaaken babat dalan nggih menika supados ditebihke saking penyakit lan bencana. Sak liyanipun niku margi lingkungan sak kiwo tengene diresiki. Kegiatanipun ditindaaken saben tiang mbeto tumpeng lan kopat. Bibaripun babat dalan tumpeng lan kupat wau didongani dipimpin kalih sesepuh. Lan dipun dhahar wonten prapatan margi.
MATUR SUWUN
- Slides: 15