ISI PATULADHAN 3 TOKOH WAYANG 1 BAMBANG SUMANTRI


ISI : PATULADHAN 3 TOKOH WAYANG 1. BAMBANG SUMANTRI/ PATIH SUWANDA

2. RADEN KUMBOKARNO

3. ADIPATI KARNO/ SURYA PUTRA

DHANGGULA �Yogyanira kang para prajurit, � lamun bisa sira anulada, �duk ing nguni caritane, �andelira Sang Prabu, �Sasrabahu ing Maespati, �aran patih Suwanda, �lelabuhanipun, �kang ginelung triprakara, �guna kaya purun ingkang den antepi, �nuhoni trah utama.

Bambang Sumantri �Lire lelabuhan tri prakawis, �guna bisa saniskareng karya, �binudi dadi unggule, �kaya sayektinipun, �duk bantu prang Magada nagri, �amboyong putri dhomas , �katur ratunipun, �purune sampun tetela, �aprang tanding lan ditya Ngalengka aji, �Suwanda mati ngrana.

KUMBOKARNO Satriya Panglebur Gangsa- Ngalengka �Wonten malih tuladhan prayogi, �satriya gung nagri Ngalengka, �Sang Kumbakarna arane, �tur iku warna diyu, �suprandene nggayuh utami, �duk awit prang Ngalengka, �dennya darbe atur, �Mring raka amrih raharja, �Dasamuka tan kengguh ing atur yekti, �de mungsuh wanara.

Kumbokarno �Kumbakarna kinen mangsah jurit, �mring kang raka sira tan lenggana, �nglungguhi kasatriyane, �ing tekad datan purun , �amung cipta labuh nagari, �lan noleh yayah rena, �myang leluhuripun, �wus mukti aneng Ngalengka , �mangke arsa rinusak ing bala kapi, �punagi mati ngrana

ADIPATI KARNO Narpati Ngawangga �Wonten malih kinarya palupi, �Suryaputra narpati Ngawangga, �lan Pandhawa tur kadange, �len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, �aneng nagri Ngastina, �kinarya gul agul, �manggala golonganing prang, � Bratayuda ingadegken senapati, � ngalaga ing Kurawa

Adipati Karno �Den mungsuhken kadange pribadi, � aprang tandhing lan Sang Dananjaya, �Sri Karna suka manahe, �dene sira pikantuk, �marga denya arsa males sih, �ira Sang Duryudana, �marmanta kalangkung, �denya ngetok kasudiran, �aprang rame Karna mati jinemparing, �sumbaga wirotama

SUMANTRI NGENGER

SUKROSANA

KARNO TANDHING

KARNO TANDHING

- Slides: 15