BASA JAWI NAMA ISMA MUNASTU R 208 XIIS
BASA JAWI NAMA : • ISMA MUNASTU R 2/08) (X-IIS • NURUL HIDAYAH (X-IIS 2/11) • ALBERTUS ENGGAL P. D. 2/15) (X-IIS • ONIEK MUTIARA C 2/19) (X-IIS
UPACARA BEKAKAK
UPACARA BEKAKAK à Upacara adat masyarakat ingkang dipunpengeti kaliyan masyarakat Gamping, Kabupaten Sleman, D I Yogyakarta. à Bekakak kagungan artos banten kagem nyembeleh kewan utawi manungsa. Namung, manungsa ingkang dimaksudkaken wonten upacara menika namung tiruan manungsa ingkang awujud sepasang boneka pengantin ingkang lenggah sila, kadamel saking tepung isinipun gula jawi.
Upacara bekakak ingkang sapisan tujuanipun kagem ngormati ksetianipun Ki Wirasuta lan Nyi Wirasuta kagem Sultan Hamengkubuwono I. Ananging sakmangke ngalami ewah-ewahan dados upacara kagem nggayuh kaslamatanipun tiyang ingkang badhe mendhet sela gamping supadhos nir ing sambekala. Sebabipun mendhetipun sela gamping mboten gampil. Upacara Bekakak dipun laksanani saben wulan Sapar, dinten Jumat antawis tanggal 10 -20, diajab kangge ngormati awahipun Kyai lan Nyai Wirasuta ingkang dados abdi dalem Penangsang HB I, ingkang kajibahipun ngasto song kaluhuranipun Pakubuwono I. kangge warga sekitaripun, dipun anggep dados cikal bakal warga Gamping. Salah satunggaling cerita, Upacara Bekakak mula bukanipun saking musibah ingkang ngenani kalih tiyang abdi dalem Sultan Hamengkubuwono I.
SAJARAH Wontenipun Upacara Bekakak menika wonten gandheng cenengipun kaliyan sajarah wonten ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat rikala Raja Hamengkubuwana I. Nalika semanten, wonten desa ingkang dipunsebat Desa Ambarketawang menika wonten gegayutanipun kaliyan jumenengipun Kadhaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Kirang langkung warsa 1775 wonten ing salah satunggaling desa cekat kaliyan Ardi Gamping, wonten pasanggrahan ingkang dipunbangun dening Pangeran Mangkubumi inggih menika Sri Sultan Hamengkubuwana I. Ananging, Sri Sultan namung setunggal warsa ing Pasanggrahan Ambarketawang.
LANJUTANIPUN. . . Nalika Sri Sultan nilar pasanggrahan, Kyai Wirasuta boten purun tumut Sri Sultan. Lajeng Kyai Wirasuta sarta kaluwarga kendel wonten ing guwa Ardi Gamping menika. Sawijining dinten Sukra Kasih wonten bebendu ingkang dipuntandang Kyai Wirasuta. Guwa ingkang dipunkendeli Kyai Wirasuta ambruk. Kyai Wirasuta sarta kaluwarga pejah sadaya. Sri Sultan lajeng paring dhawuh dhateng para abdi supados enggal madosi jenasahipun Kyai Wirasuta. Ananging boten angsal kasil menapa-menapa. Sri Sultan paring dhawuh malih dhateng para abdi supados ngawontenaken upacara kangge ngemuti Kyai Wirasuta, abdi ingkang kinasih.
UBORAMPENIPUN Bekakak : boneka ingkang kadamel saking ketan lan gendhis jawi Kembang mayang. Gendruwo. Joli ingkang sampun ingkang jangkep. wonten sesajen
TATA UPACARA
1. Midodareni Temanten Bekakak Prosesi upacara dipun awiti sarana mendhet toya suci Tirto Donojati. toya suci lan sedaya uborampe upacara dipun beta ngubengi pelosok dusun tumuju balai desa. Wonten ing bale desa menika sakmangke dipun laksanani midodareni temanten bekakak. Sewengi natas, sadaya warga dusun badhe tirakatan lan ngadani kasenian wayang uwong utawi ketoprak.
2. Kirab Bekakak Wonten wekdhal enjangipun pengantin bekakak badhe dipun arak tumuju wonten Gunung Gamping lan Gunung Kiling. Sakderengipun upacara arak-arakan badhe dipun awiti pamentasan fragmen Prasetyaning Sang Abdi ingkang nyriosaken cerita Ki Wirosuto. Sak badhanipun pamentasan dipun pungkasi, wanci jam 14. 00 WIB arakan badhe dipun awiti. Sak liyanipun penganten bekakak lan tiga joli ingkang kagungan isi sesajen, kirab menika ugi dipun eloni kalian : q perangkat dusun q bregodo (kelompok) prajurit q jathilan q lan genderuwo.
Keunikan ingkang saged dipanggihi wonten ing Saparan Bekakak Gamping inggih menika medalipun kelompok bocah ingkang gadahi peran dados anak genderuwo. Anak-anak genderuwo ingkang jumlahipun antaeis 50 -an menika dipun dampingi sapasang genderuwo lan Banaspati ingkang kagungan tugas ngawal penganten bekakak. Anakan genderuwo nggambaraken lelembut lan setan Bekasakan ingkang saweg suka pari suka amargi badhe pikantuk korban arupi sapasang penganten bekakak. Peran kados dene anak genderuwo menika sifatipun turun-temurun.
3. Penyembelihan Pengantin Bekakak Pengantin bekakak sak mangke badhe dipun bekta wonten altar penyembelihan ingkang mapanipun wonten Gunung Kiling lan Gunung Gamping. Kekalih pasang penganten menika badhe dipun sembelih kalian salah satunggalipun utusan saking Keraton Ngayogyakarta. Prosesi menika sak lajengipun dipun pungkasi mawi nyebaraken gunungan lan potongan badan bekakak kangge sedanten warga ingkang dugi. Warga ingkang tasih pitados tradisi ngalap berkah saking potongan bekakak utawi isi gununganipun badhe rebatan sak uger saged angsal potongan bekakak.
Penyembelihan Pengantin Bekakak
4. Sugengan Ageng Upacara sugengan agung dipimpin langsung kalian Ki Juru Permana wonten ing Pasanggrahan Ambarketawang ingkang sampun dipunrias kalian kain jene lan ijem. Lan ugi dipun lengkapi kaliyan sesajen saking Patran ingkang dipun lebetaken ing jodhang. (sesajen : kelapa gadhing / cengkir gadhing, kembang mayang, lan air amerta), bokor-bokor, pusaka lan payung agung ugi sampun disiapkaken.
Ø Upacara dipun awiti ngangge mbakar kemenyan. Sak lajengipun Ki Juru Permana ngawiti kaliyan maosaken janji sugeng ageng lan doa wonten ing basa arab. Ø Sak lajengipun dipun lepasaken peksi dara ingkang pethak. Sak banjuripun sesajen sugengan ageng dipun bagekaken kaliyan warga sedaya, mliginipun dhaharan keremenanipun sultan (tawonan).
VIDIO
MATUR NUWUN
- Slides: 17