Assalaamualaikum wr wb Taksih kepanggih malih kaliyan Ibu

Assalaamualaikum wr. wb Taksih kepanggih malih kaliyan Ibu Sri Monto Mugi – mugi lare – lare taksih pinaringan kesarasan. Amiiin START

Ing pepanggihan/pertemuan menika kita badhe nyinau damel cakepan/ syair lagu tembang Dhandhanggula. Titikanipun/ciri-ciri tembang Dhandhanggula inggih menika : 1. Cacahipun gatra/baris saben sapada/sabait wonten 10 gatra/ baris. 2. Guru wilanganiupun : gatra sepindah 10, gatra kapindho 10, gatra kaping tiga 8, gatra sekawan 7, gatra kaping gangsal 9, gatra kaping enem 7, gatra kaping wolu 8, gatra kaping sanga 12, gatra kaping sedasa 7. 3. Guru lagunipun : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

Tuladha Tembang Dhandhanggula Pada/bait ingkang sepindhah Gatra 1. Pamedhare wasitaning ati Gatra 2. Cumanthaka aniru pujangga Gatra 3. Dhahat mudha ing batine Gatra 4. Nanging kedah ginunggung Gatra 5. Datan wruh yen akeh ngesemi Gatra 6. ameksa angrumpaka Gatra 7. Basa kang kalantur Gatra 8. Tutur kang katula-tula Gatra 9. Tinalaten rinuruh kalawan ririh Gatra 10. mrih padhanging sasmita

Dados lare-lare anggenipun damel cakepan utawi syair lagu tembang Dhandhanggula kedah gantosaken titikanipun utawi aturanipun. . Aturanipun inggih menika : 1. Guru gatra wonten 10 baris 2. Guru wilangan lan guru lagunipun 10 i, 10 a, 8 e, 7 u, 9 i, 7 a, 6 u, 8 a, 12 i, 7 a

Ayo samenika gladhen/latihan damel cakepan/syair lagu tembang Dhandhanggula. Temanipun SINAU Sumangga dipundamel wonten kertas folio. Matur nuwun Wassallamualaikum wr. wb
- Slides: 5